Mak…!!
Ana Asu Mlebu ngOmah
Dening: Andy Sri Wahyudi
ANA ING KAMPUNG EMBUH. KAMPUNG SING ORA ANA NANG PETA KECAMATAN.
NANG LATAR SING RADA JEMBAR, ANA BOCAH WADON CILIK JENENGE SUMI, LUNGGUH DEWEAN NUNGGU MAKNE MULEH SAKA PASAR. SUMI KETHAP KETHIP, RUPANE KATON NYREMIMIH.
ORA LET SUWE SUMI NYANYI-NYANYI DEWE. NYANYI SAPENAKE UDELE DEWE.
Sumi : Dondong apa salak
Duku cilik-cilik
Ngandong apa mbecak
Mlaku thimik-thimik
Mengko ibu mesti mundhut oleh-oleh
Kacang karo roti
Aku diparingi
Ah males ah…
SUMI MLAYU MBUH LUNGA NANGENDI
SAKA NJERO OMAH, ANA SUARA PATING GLODEK, SUARA BEKAKAS PADA TIBA. ANA SUARA ASU NJEGOG, NGGERENG, LAN GUMUYU CEKEKEKAN. DUMADAKAN NYUSUL SUARANE SURIP, BENGAK-BENGOK MISUH-MISUH DEWE. SURIP MBANYAKI, GEDABIKAN NGOYAK-OYAK MECUTI ASU! NGANGGO PECUT BLEDEK, SENJATA WARISAN LELUHURE!
Surip : Maak!! Ana Asu mlebu ngomah!!! Cia...ttt!!! CTAR…CTER…CTER…CTAR...!
Modar Ndasmu! Kena cengelmu ra kowe! Sabet Cangkemmu!
Asu-asu : Gugukkk gukk gukkk gukkk!! Grrrr!!! Hahaha…Kakakakakakak..!!!
Surip : Minggat!! Asu Njijiki!! Kena cengelmu ra we!
ASUNE MLAYU METU NGOMAH, NANGING ANA ASU SIJI SING ISIH KERI, NGADEK NGGEJEJER MENTHELENGI SURIP. SURIP GAGE MLUNCAT MECUT NDASE ASU.
Surip : Wo…malah mecicil! Tampanana! Ciaaattt…! Modar Cocotmu!