Becik Nitik, Ala Pilara (Drama Bahasa Jawa)

Selasa, 10 Mei 2011 gusmel riyadh

Becik Nitik, Ala Pilara
Sandiwara Kampung
* M. Ahmad Jalidu

Kontak :
08175486266
masjali@yahoo.com


BABAK 1
Omahe kang Marto. Somat, anake kang Marto lagi wae bali, dheweke mbonceng Mas Bambang lan didhunke ngarep omah. Saka njero keprungu suara megaprone Mas Bambang.

Kang Marto : “Diterke sapa Le?”
Somat : “Mas Bambang.”
Bu Marto : “Mas Bambang ki jan apikan tenan ya, karo sapa-sapa isa akrab. Karo cah mejid ya srawung, karo copet ya srawung.”
Kang Marto : “Huss! Bu, nek omong ki ra waton!”
Bu Marto : “Waton apa? Cen nyatane kaya ngono kok. Mas Bambang ki cen apikan, njur anakmu ki ya copet tenan”.
Somat : “Alah! Mung pisan wae kok njur dicap. Aku nyopet mung pisan mbok. Gek sasi pasa wingi kae. Kuwi sing melu ngicipi dhuite ya sapa? Simbok barang to? Nek ra reka-reka tak golekke tangeh isa melu mangan iwak pitik kaya tangga-tanggane, Mbok”.
Kang Marto : “Le! Isa mingkem ora? Rembugan bab nyopet yo ndadak mbengok-mbengok, alon sithik isa ra? Krungu kiwa tengen rak ya ra kepenak!”
Bu Marto : “Wis kana lek adus. Njur ning ngomah wae, rasah lunga meneh. Bocah kok ra isa ning ngomah sak jam wae. Minggatt terus…”
Somat : “Sak sirku to Mbok! Awak-awakku dhewe, sikil-sikilku dhewe, nyawa-nyawaku dhewe”.
Kang Marto : “Mat! Cangkemmu ditata! Omong karo mbokne kaya omong karo gali pasar!”
Somat : (Mlebu ing kamar, njawab seka njero kamar) “Kula ra ngomong ro gali pasar pak. Ning karo Bojone Gali pasar!”
(Bu Marto mlebu perangan njero omah, Pak Marto meneng.)
Kang Marto : (nyeluk bojone) “Nah! Nah!..,”
(Ora ana sing njawab. Kang.)
Kang Marto : “Nah! Bajigur!! Kupingmu kesumpelan aspal po piye?”
Bu Marto : (seka njero) “ngapa ta? Aku ki krungu. Ning gek mbenakke panci ning kompor. Ngapa ta?”
Kang Marto : “Tuju enamku mau ning ngendi?”

Bu Marto : (Teka ning ruang tamu karo nguncalke rokok 76 ning meja) “sing udud ki kowe kok aku sing takoni, goleki dhewe pa ra isa? Padhakke babu wae.”
Kang Marto : “Kok malah ngejak padu ta kowe ki? Bedane bojo karo babu ki, nek bojo dituroni kon meteng, nek babu ki dituroni ning aja nganti meteng.”
Bu Marto : (Mbalik mlebu njero)
Kang Marto : “Kaya kowe mbiyen, mbabu ning tokone Koh Liang kae rak ya ngono ta? Koh Liang nuroni kowe ning karo diombeni anggur ben ra meteng!”
Bu Marto : (Teka ning ruang tamu karo nesu) “Pak! Ra ngayawara lho kowe ki. Arep golek perkara meneh? Nek omong ki naganggo dipikir! Dhasar wong ra mambu sekolahan ya ngono kuwi.”
Kang Marto : “Sekolahmu ki apa? SR ya ra rampung wae kok.”
(Somat njedhul)
Somat : “Wis to mbok. Nek pancen mbiyen tau dituroni Koh Liang ya ngaku wae, wong bapak ya nrima kok. Nek pancen ora, ya rasah diwangsuli. Kaya ra apal. Cangkeme bapak kawit mbiyen ya ngono kuwi. Wis, aku tak metu dhisik.”
Bu Marto : “Rasah mabuk-mabukan meneh!’
Somat : (sambi bablas metu omah) ‘Mabuk ya ra papa angger ora matengi uwong!”


klik di sini untuk download naskah teater selengkapnya
Download Naskah Ini