ANDHE- ANDHE LUMUT ( WATERMANIK VILLAGE )

Selasa, 10 Mei 2011 gusmel riyadh

ANDHE- ANDHE LUMUT
( WATERMANIK VILLAGE )
Anonim

Ing desa Watermanik ana perayaan lamarane Panji Asmarabangun karo Dewi Sekartaji.Ujug-ujug ana lindu kang gedhe,kabeh wong panik lan bubar dhewe-dhewe.Dewi Sekartaji uga mlayu terus,nganthi ora ngerti daerah ingkang dilewati sehingga mlebu ing tengah alas.Nanging Panji Asmarabangun isih ing kana.Banjur ngerti yen Dewi Sekartaji lunga,Panji gela.Dheweke terus lunga nggoleki Dewi Sekartaji lan ngganti asmane dadi Andhe-Andhe Lumut.Panji akhire tinggal ing omahe Bu Dhadapan.

Sawetara kuwi,amargakeselen Dewi Sekartaji akhire semaput ing alas.banjur wis tangi,Dewi Sekartaji ora ngerti dheweke ana ing ngendi.Dewi Sekartaji mlaku-mlaku lan weruh villa kang apik ing pinggir alas.Dewi Sekartaji lansung marani villa kuwi.

ADEGAN 1
Dewi Sekartaji : “ Kulanuwun.....Permisi.....Spada.....! ”
Dewi Biru : “ (mbuka lawang) Kowe sapalan arep ketemu sapa ? ”
Dewi Sekartaji : “ Kula Dewi,kula niki kesasar ing mriki.Kula nyuwun ijin kangge tinggal ing mriki lan kula nyuwun dadekaken kula niki adhine sampeyan,please... ”
Dewi Biru : “ Whattt? Arep dadi adhiku ? Sorrryy ya,omah iki wis kebak ! ”
Dewi Sekartaji : “ Please,kula purun dikengken napa mawon. ”
Dewi Biru : “ Plas plis,plas plis,mbok kira aku onde-onde ceplis apa? Lunga wae kana ! ”

Tapi Dewi Skartaji tetep meksa. Akhire ibune Dewi Biru melu metu.
Bu Wati : “ Ana apa tha iki kok ribut-ribut? (ngampiri Dewi Sekartaji) Lho,sapa iki ? Ayu banget kowe tha,nduk...? ”
Dewi Sekartaji : “ Bu,kula Dewi,kula niki mboten gadhah griya.Kula nyuwun didadosaken anggota ing keluwarga niki,Please...
Bu Wati : “ Yo wis,kowe mlebu dhisik. Ayo ! ”
Dewi Pink : “ Alah,Bu..Ora ana gunane nanggepi dheweke. ”
Dewi Biru : “ Iya,,lagian ing kene wis akeh wong wadon,Bu ! ”

Bu Wati meneng lan mikir-mikir.
Bu Wati : “ Yo wis,nduk cah ayu.Kowe intuk tinggal ing kene.Tapi kowe kudu ngrewangi gawean ing omah iki ya,nduk? ”
Dewi Sekartaji : “ Inggih,Bu.Maturnuwun...Maturnuwun sanget,Bu ! ”
Bu Wati : “ Ya.By the way,jeneng lenkapmu sapa tha nduk? ”
Dewi Sekartaji : “ Asmanipun kula Dewi,Bu! ”



klik di sini untuk download naskah teater selengkapnya
Download Naskah Ini